Mbah Pa’ul Angon Wedhus
Pas isuk mau Imron pethuk Mbah Pa’ul lagi angon wedhus.
“Mbah, waduh wedhuse sampeyan akeh yo?” jare Imron.
“Yo, lumayan..” jare Mbah Pa’ul.
“Pira kabehe, Mbah” takon Imron maneh.
“Sing putih opo sing ireng?”
“Sing putih, wis.”
“Selawe.”
“Wik, cik akehe. Lha sing ireng?”
“Podho…” jare Mbah Pa’ul ambek ngarit suket.
Imron takon maneh.
“Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah..”
“Yo..”
“Pirang kilo mangane sakdinoan?”
“Sing putih opo sing ireng?”
“Sing ireng, wis”
“Yo kiro-kiro limang kiloan.”
“Lha sing putih?”
“Podho..”
Imron bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng,
wong jawabane yo podho ae.
Karo kukur-kukur rambut masiyo gak gatel, Imron nekat takon maneh.
“Mbah, opoko lek tak takoni kok perkoro wedusmu, sampeyan mesti leren takonĀ sing putih tah sing ireng
barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabane sampeyan podho terus. Sakjane onok opo?”
“Ngene lho, sing putih iku wedhusku..”
“Lha sing ireng?” takon Imron penasaran.
“Yo podho…”
…
Filed under: inTERmeZZO , Suroboyoan


