Sayembara Juragan Tambak
Juragan tambak, Cak Sidiq, ngadakno sayembara.
“Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh Sepeda Montor,” jare Cak Sidiq.
Rodo suwe, mulai akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak.
Masalahe, tambake iku isine dhudhuk iwak tok, tapi boyo precil, nyambik, bajul anakan sing sakbangsane iku.
Mergo dienteni gak onok sing wani njegur, hadiahe digenti dhadhi Kijang Avanza anyar gres.
Tapi dienteni, tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merindhing ndhelok boyone mangap-mangap kabeh.
Akhire ambek Cak Sidiq hadiahe ditambah maneh, Avanza anyar gres karo ditambahi sepeda montor V-Ixion nyar gres pisan.
Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Wong-wong cumak tolah-toleh sepi meneng kabeh, onok sing udur-uduran karo koncone deewe. Moro-moro sing jenenge Muchsin setengah mlayu njegur nang tambak.
Byurrrr…
Penonton keplok-keplok kabeh ndhelok Muchsin gelut karo boyo, nyambik pating nggrundhel karepe dewe.
Kiro-kiro petang puluh limang menitan, akhire Muchsin tampil sebagai pemenang.Cumak yo ngono, awake dhedhel kabeh klambine pating pecothot gak karuan, karo ambegan gedhe.
Wis mari ambegan, Cak Sidiq marani arek iku arep ngekekno hadiahe, tapi Muchsin nolak.
“Yo wis, tak tambahi dhuwik seket juta, ‘ jare Cak Sidiq, tapi Muchsin tetep nolak.
“Tak tambahi mas-masan 300 gram,”jare Cak Sidiq maneh, Muchsin tetep gak gelem.
“Wis ngene ae, awakmu njaluk opo taqk turuti,”jare Cak Sidiq gak gelem kisinan hadiahe ditolak arek jik wingi sore mau.
“Yowis, Cak. Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene,” jare Muchsin..
Walaaaaah…tibake
Filed under: inTERmeZZO , Suroboyoan



hahaha..lucu cak…..!!!